Sabtu, 15 Agustus 2015

Piwulang Basa Jawa


Piwulang Basa Jawa
Disusun Untuk Memenuhi Tugas Bahasa dan Sastra Jawa
Pengampu: Imam Sutarjo





logo-ums.jpg
 









Disusun Oleh:
 Norma Tri Wibawati                       (A.310110017/ IV A)


Program Studi Bahasa Sastra Indonesia dan Daerah
Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan
Universitas Muhammadiyah Surakarta
2013

PURWAKA

Masyarakat wonten ing tlatah Jawa menika kagungan istilah-istilah ingkang ngandhut pendidikan moral ingkang kathah sanget wujudipun. Masyarakta Jawa menika remen ngendika ngangge basa/ungkapan ingkang alus sahingga boten nglarani tiyang sanes. Kanthi ungkapan-ungkapan menika, tiyang sanes saged negesi piyambak maksud ing salebetipun ungkapan kalawau. Ungkapan-ungkapan menika awujud kata-kata mutiara utawi motto ingkang tujuanipun supados masyarakat Jawa menika kelakuanipun kados makna ingkang tersurat wonten ungkapan kalawau.
Wonten ing salebetipun wekdal menika, ungkapan-ungkapan ingkang ngandhut nilai pedagogig sampun boten dados pegangan hidup wonten bebrayan. Menika dipunsebabaken amargi masyrakat Jawa piyampak ingkang boten purun ngengeti lan nindakaken amanat-amanat ing salebeting ungkapan menika.
Masyarakat Jawa menika nggadhahi kewajiban nyinau babagan ungkapan ingkang ngandhut nilai-nilai pedagogig, ampun ngantos babagan menika dipuntilaraken. Ungkapan ingkang badhe dipunandhahaken wonten makalah menika saged kagem pedoman dhumateng kula lan panjenengan sami kangge manggihaken identitas sebagai bangsa ingkang berbudaya inggil.
Kanthi nyugengaken kata-kata mutiara  menika, kula lan panjenengan sami saged manggihaken jatidiri ingkang kinurmatan wonten ing kancah dunia.




ANDAHAN

A.    Ungkapan-Ungkapan Jawi Ingkang Ngandhut Piwulang Pedagogigs
Ungkapan-ungkapan jawi ingkang ngandhut piwulang pedagogi antawisipun:
1.      Tepa Selira
Tepa selira inggih menika tumindak kangge mangerteni perasaanipun tiyang sanes. Kanthi mekaten, tiyang ingkang nggadhahi tepa selira menika boten badhe tumidak ala menawi dados pemimpin (Bratawijaya, 1997: 88).
Ilustrasi ingkang nggambaraken tepa selira menika kados mekaten: “menawi kula lan panjenengan sami boten purun dijiwit, mila ampun njiwit tiyang sanes”. Tepa selira menika ugi dipunartosaken minangka rasa empati kengge tiyang sanes. Tepa selira ugi saged dipunartosaken tumindak ngurmati hak-hak asasi tiyang sanes.
2.      Alon-alon Waton Kelakon
Alon-alon waton kelakon menika tegesipun sanajan alon-alon anggenipun nyambut damel utawi tumindak , nanging tujuanipun saged kalekasanan kanthi sae (Bratawijaya, 1997: 101). Alon-alon waton klakon menika ngandhut prinsip ketelitian, waspada, saha cermat bilih nyambut damel utawi tumindak. Mila, ungkapan ingkang trep kangge nglakoni rencana inggih menika alon-alon waton kelakon, kanthi prinsip menika kula lan panjenengan sami bisa mujudaken hasil ingkang bungahaken.
3.      Ajining dhiri saka obahing lathi
Wonten ing wekdal menika, ungkapan kasebat sampun boten nate kita pirsani malih. Ungkapan menika sampun dipuntilar ing bebrayan agung. ungkapan menika artosipun harga dhirinipun tiyang menika gumantung saking punapa ingkang dipunaturaken. Dados, tiyang menika boten waton bilih ngendikan kaliyan tiyang sanes.
Tiyang menika badhe dihormati tiyang sanes bilih ngendikanipun becik, alus, sopan lan saged bungahaken tiyang sanes. Tuladhanipun: bilih ngendika kedah dilakoni, bilih janji ampun diblenjani.
4.      Sluman Slumun slamet
Artosipun, usaha wonten ing pundi kemawon, kapan kemawon, kanthi kahanan punapa kemawon ingkang mligi inggih menika saged slamet (Bratawijaya, 1997:102). Babagan menika saged diraih menawi tiyang saged beradaptasi wonte ing pundi kemawon. Ungkapan menika wonten sisi ala lan saenipun. Tumindakipun tiyang menika saged ala, nglakoni punapa kemawon kanthi boten sehat ingkang wigati tiyang menika saged slamet. Nanging, tiyang ingkang nggadhahi tumindak sae menika dadosaken ungkapan menika kagem ngimbangi kekarepanipun tiyang sanes supados boten ngalami ketegangan saha ingkang paling mligi inggih menika pikantuk keslametan.
Sluman slumun slamet menika ugi dipunartosaken mawi tandang tumindakipun ingkang tansah ngatos-atos. (Daryanto, 1999:135)
5.      Sikap Utama
Sikap utama inggih menika sikap ingkang tumuju ing babagan ingkang sae utawi utama. (Bratawijaya, 1997: 91). Sikap utama menika dipunandhahaken wonten ing syair-syair tembang macapat, antawisipun:
a.    Tembang Dhandhanggula:
Tembang dhandhanggula ngandhut piwulang supados tiyang menika nggadhahi ilmu ingkang kathah, nggadhi wawasan ingkang kathah ugi saha boten rumaos rendah dhiri. dhandhanggula inggih menika babagan-babagan ingkang sae, legi raosipun kados gula.
b.   Tembang Kinanthi
Tembang kinanthi menika ngandhut piwulang bilih tiyang menika supados nggadhahi tumindak ingkang sae, saged ngamalaken ilmu pengetahuanipin kados puput kinanthi.

c.    Tembang Gambuh
Tembang gambuh menika ngandhut piwulang babagan larangan supados tiyang menika boten tumindak ala dhumateng sinten kemawon.
d.   Tembang Pangkur
Tembang pangkur menika ngandhut piwulang bilih tiyang menika kedah saged mawas dhiri saking tumindak ala.
e.    Tembang Maskumambang
Tembang maskumambang menika ngandhut piwulang supados tiyang menika kedah patuh kaliyan norma-norma utawi aturan-aturang ingkang dinut wonten ing bebrayan.
f.    Tembang Megatruh
Tembang megatruh menika ngandhut piwulang menawi tiyang dados abdi, mila kedah nglampahi tugas saking pimpinan kanthi sak sae-saenipun. Pedomanipun: “ing ngarsa sung tuladha”, “ing madya mangun karsa”, “tut wuri handayani”.
g.   Tembang Durma
Tembang durma menika ngandhut piwulang bilih tiyang menika boten pareng mbikak alanipun tiyang sanes. Tiyang menika kedah nggadhi sikap netral. Boten pilih-pilih.
h.   Syair Wirangrong
Syair wirangrong menika piwulangipun supados tiyang  menika saged menempatkan dhiri wonten ing pundi kemawon.
i.     Tembang Pocung
Tembang pocung menika ngandhut piwulang supados tiyang menika saged njagi kerukunan wonten ing bebrayan agung.
j.     Tembang Mijil
Tembang mijil menika ngandhut menika ngandhut piwulang supados tiyang menika nampi nasib dhirinipun piyampak kanthi lila/ ikhlas.

k.   Tembang Asmaradhana
Tembang asmaradhana ngandhut piwulang supados tiyang menika tresna kaliyan padamelanipun sahingga saged dados tiyang ingkang sukses.

6.      Sifat gemi, nastiti lan nagti-ati
1.      Sifat gemi
Gemi tegesipun pinter hemat, saged ngimbangi pengeluaran lan pendapatan artanipun.
2.      Sifat nastiti
Sifat nastiti tegesipun sifat cermat. Tiyang menika kedah mangertos kaliyan luputipun piyambak. Sifat nastiti menika perlu diajaraken awit alit ing lingkungan keluarga.
3.      Sifat ngati-ati
Sfat ngati-ati menka tegesipun menawi tumindak kedah dipunpikiraken rumiyin. Misinipun supados ing gesang bebrayan menika saged dados tiyang ingkang sukses kanthi gemilang lan boten wonten alangan satunggal punapa kemawon.








PANUTUP
Ungkapan-ungkapan wonten ing tlatah Jawi ingkang arupi kata mutiara utawi motto menika ngandhut piwulang pedagogig ingkang kathah sanget. Masyarakat khususipun masyarakat Jawi nggadhahi kewajiban nyinau ungkapan menika supados boten pejah, amargi wonten ing jaman menika ungkapan ingkang ngandhut piwulang pedagoig sampun boten dados pedoman malih.
Ungkapan-ungkapan menika antawisipun babagan tepa selira, alon-alon waton kelakon, ajining dhiri saka lathi, sikap utama, gemi setiti ngati-ngati, sluman-slumun slamet, lan sanes-sanesipun. Sikap utama menika ugi dipunwucalaken wonten ing tembang-tembang macapat.
Kanthi nyugengaken kata-kata mutiara  menika, kula lan panjenengan sami saged manggihaken jatidiri ingkang kinurmatan wonten ing kancah dunia.

KAPUSTAKAN

Bratawijaya, Wiyasa Thomas. 1997. Mengungkap dan Mengenal Budaya Jawa. Jakarta: Pradnya Paramita.
Daryanto. 1999. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya: Apollo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar